CONTOH PARIKAN
1. Wedang bubuk , gula jawa
yen kepethuk, ati lega
2. Sepet-sepet, sawone
diempet-empet, selak ora betah
3. yen kembang-kembange kacang
dudu kembange puspa nyidra
sih cilik dikudang-kudang
bareng gedhe gawe rekasa
4. esuk nyuling sore nyuling
sulinge arek surabaya
esuk eling sore eling
sing dieling ora rumangsa
5. kulon kali wetan kali
arep liwat ora nana wote
wetan gati kulon gati
arep ditinggal padha abote
6. nyapu yo nyapu sapu
sada semendhe cagak
mlaku yo mlaku
nek ketemu kanca ayo diajak
Komentar
Posting Komentar